Lihat ke Halaman Asli

Sayyid Jumianto

Menjadi orang biasa yang menulis

Bu Lik

Diperbarui: 23 Januari 2021   20:07

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

dok.pri

Bu lik

: Al_sayyid Jumianto

Desember 2020 kabar kuwi,

Virus corona wes ameh setehun iki iseh ngrembaka ing Jogja  ojo dumeh wes ana vaksine neng tetep wae kabeh wong kudu waspada yen kahanan wes bedo amergo wes akeh wong kang ketaman virus iki.

Pamarintah tansaya serius ngadepi kahanan iki amergo kuwi dianakake pembatasan wilayah malahan Anane PSTKM ing Jawa bali kanggo ngawekani sumebare virus iki  dadi nyata ora  oleh lena opomeneh padumeh  wes ana vaksine kabeh kudu serius  melu protokol kesehatan sik ana, yo iki sik iseh angel di terapke neng masyarakat umum, iseh akeh sing ngeyel, krasa yen ana tanggane, keluargane lan kancane ketaman virus sik durung ana obate iki.

Info kuwi wes sumebar koyo angin mebur ora ana watese kabeh wong ngabari aku yen bu lik ora ana

"wes mas tabahna atimu, kabeh kersane si gawe urip" kandane tanggane amrang aku

"aku amung iso ngabari bab buli saka Hp mas bu lik wes ora ana" kandane anake sik nomer siji marang aku

"kabeh wes  pestine" kandane pak dukuh sik kebenaran kancaku sekolah gek nalika cilik

Koyone bar wingi wae aku iseh ketemu ora nyana, kabeh iki wes dadi pestine gusti neng aku ora ngiro yen cepet ngene   bu lik ketaman virus iki lan nganti bablas nganti ngene iki.

"aku njur piye dik?" pitakon karo anake bulik

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline