Luh neng pipi iki uwes entek
Al-sayyid jumianto
Aku ora ngerti kahanan iki bubrah
amung sak kedepen moto
Ket wingi mendung wes nandakake yen udan bakal deres.
"para sedulur waspada"
Neng speker masjid. neng pertemuan ugo neng ndalan kabiwara ake.
"kang Paido ngungsi yok"
kandaku naliko kuwi
"ora..aman kene ora bakalan ono bebendu"
kandamu kanti pongah