Mohon tunggu...
Sayyid Jumianto
Sayyid Jumianto Mohon Tunggu... Guru - Menjadi orang biasa yang menulis
Akun Diblokir

Akun ini diblokir karena melanggar Syarat dan Ketentuan Kompasiana.
Untuk informasi lebih lanjut Anda dapat menghubungi kami melalui fitur bantuan.

Menulis untuk perubahan yang lebih baik

Selanjutnya

Tutup

Diary

Layatan

4 Agustus 2021   01:55 Diperbarui: 4 Agustus 2021   01:57 119
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Layatan


Sayyid jumianto

Suara pengumuman ing toa masjid keprungu santer. Pirang-pirang ndino iki ana layatan ameh seminggu iki. Ana-ana wae kahanan saiki kabeh jujur yen ora kudu layat amergo kahanan jenazah keno covid. Lamgsung kasareakae ing pakuburan jelas iki sik jenemge wong ora ana ora ana sik layat.

Ngenggoni Kahanan

Kabeh wong mesti mati iku bener ning ana kahanan covid koyo ngene akeh wong mikir babagan layat, mbiyen gotong royong rumaket sok sopo sik kesusahan mesti podo cancut taliwondo ewang-ewang rewang sak anane yen nduwi bondo sitik di wenehke koyo gulo teh, ugo beras lan sik nduwe duwit sitik di sumbangke kanggo ngenteng-ngentengi kaluwargane sik ora ana mou.

Kabeh kahanan mou saiki malik grembyang kahanan "was-was" amergo virus covid 19 koyo tansaya mbubrahake kahanan saiki. 

Akeh wong yo takziah ning akeh wong ugo was-was milih ora layat amergo mayite dinugo keno covid. Sakjane kahanan iki ora dikarepno ning yen ngene anane njur kepiye. 

Layatan opomaneh mantenan kang ngundang sedulur akeh saiki soyo diciutke kahanan amergo pandemi iki iso ugo ngedohke paseduluran kang guyub ing karang padesan, opo maneh ana perkotaan sik acuh lan acuh karo tonggo wae ora kenal. 

Ora mokal yen mayite keno covid langsung digowo ing kuburan lan amung layat neng omahe wae, semono ugo yen mayite ora keno covid ning ana larangan berkumpul iku sebabe wong layat ora akeh amergo ngurangi sumebare virus mou.

Saiki

Kahanan pancen menghendaki perubahan sosial budaya amergo virus covid 19 iki bener ana nyatane. Guyub rukune paseduluran melu belo sungkowo saiki koyo "luntur" ora amung ing kene tlatah Bantul lan Jogja. Aku ngerti kabeh amung ngugemi kahanan saiki manut aturane pamarintah saiki.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Diary Selengkapnya
Lihat Diary Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun