Â
Lambe mu kuwi ibarat pedang. Iso nggawe atine uwong meradang.Â
Lambe mu yo iso nggawe sejuk. Nek suaramu lan tingkahmu ora umuk
Lambe mu kuwi ibarat paku. Nek wis ditutuk ning kayu mesti ninggal bekase ning kayu iku
Lambe mu yo iso dadi harimau mu. Yen omonganmu ora nganggo tata krama. Omonganmu dewek bisa mbali ning awakmu. Mulo kudu ati-ati lan waspada
Lambe mu kudu dijaga. Seko omongan-omongan sing ora berguna. Ora usah ngomongi konco lan tetangga. Nek awakmu dewek durung bisa ngadeg jejeg.
Lambe mu kudu di kunci. Nek ono uwong sing lagi nuturi. Rungokno lan resapi. Ojo dibantah lan dieyeli
Lambe mu kudu ngati-ngati yen ngucap. Ojo mung asal Njeplak mergo ora seneng wong liya. Rungokno kabeh sing semua sumber. Ben uripmu bisa objektif lan muncar
Tapi lambe mu kudu bersuara. Nek kowe weruh kedzoliman ning arep mata. Ojo mbok malah di dadekno kanca. Mbesuk pasti ono walesan sing Maha Kuasa.
Lambe mu iku Istimewa.Sebab lambe mu ciptaan sang Maha Esa. Mulo Jaga omonganmu marang wong liya. Sebab sesuk lambe mu ora iso berkata - kata.
KBC - 03