Bres. Mendhung kandel kang kasempyok barat gedhe sanalika sumuntak ing bumi. Thathit kang pindha naga geni iku katon juwing-juwing langit. Bledheg kang budhege talingan iku uga nyamber wit klapa ing pakarangane Ludira. Tukang adhuk kang wus suwe nganggur, amarga proyek bangunan padha macet rikala mangsa rendheng. Â
Deleng wit klapa kang rantas papah lan blarake, Ludira mung bisa gresah. Amarga siji-sijine duweke kang bakal dituku Jomar itu wus ora ana regane. Ing mripate Ludira, swasana awan iku katon peteng dhedhet. Rikala Asih bojone ngandhake menawa beras sumbangan wong tuwane wis nipis. Bumbon pawon mung kari brambang telung siung. Gula, teh, lan kopine wus entek gusis.
"Sabar, Sih!" kandhane Ludira alon. "Mbok menawa awake dhewe iki lagi antuk pacoban saka Gusti."
"Bola-bali mung kandha sabar." Asih katon jengkel. "Kudune wong lanang bisa budidaya supaya butuhe wong omah-omah kacukupan. Aja mung jagake proyek bangunan. Akeh gaweyan kang bisa ditandangi, menawa Kang Ludira gelem metu saka omah."
Tanpa kandha-kandha, Ludira menyat saka kursi pring ing ruwang tamu. Senajan udan isih riwis-riwis, Ludira nyengklak pit onthele. Menyang omahe Daruna, kanca kenthele kang lagi mulya uripe. Amarga usaha mebele lagi dadi-dadine. Akeh pesenan saka negara manca.
Rikala bisa ketemu Daruna, rasane Ludira bungah. Pangarep-arepe Ludira, kanca kenthele iku bisa aweh pagaweyan. Nanging, kasunyatan kang ditampa Ludira beda. Daruna ora bisa aweh pagaweyan, amarga Ludira ora bisa nukang kayu, ngamplas, lan ngecet. Satemah, Ludira mulih tanpa asil. Nasibe kaya layangan kang pedhot bolahe.
Rikala Ludira tekan ing kampung kang sepi, udan sumuntak saka langit. Ludira ngenggoke pite tumuju sawijine omah saperlu ngiyup. Sabadane nyetandharke pite, pikirane Ludira grambyang. Embuh iblis ngendi kang ajak-ajak Ludira saperlu nyolong clana Jeans setengah garing kang digantung ing emperan. Amarga pengin mulih gawa dhuwit, Ludira ngranggeh hanger kang kanggo gantung clana Jeans iku. Apes. Sadurunge Ludira nyengklak pite, lawang kabukak saka jero dening wong lanang umur 30-an. "Maling! Maling! Maling!"
Sanalika wong-wong kampung kaya laron kang metu saka leng sabadane udan deres. Rame-rame gebugi Ludira nganti babak bundhas sirahe. Getih dlewer ing pipi, gulu, lan talingan. Sadurunge klenger, Ludira diarak menyang kantor polisi. Dhekem sajroning krangkeng wesi.
Pitung sasi lawase, Ludira dikunjara. Ngepasi dina Minggu esuk, Ludira kang wus bebas ukum iku mulih menyang omahe. Sawuse tekan omah, Ludira kaget. Omah lan pekarangane digadheke Asih marang Daruna. Dhuwit kang ditampa saka Daruna dipigunake Asih kanggo sangu menyang luar negeri. Nyambutgawe dadi babu.
Tanpa mikir dawa, Ludira menyang omahe Daruna. Tujuan Ludira jaluk kamurahan atine Daruna saperlu manggon neng omahe kang wus digadheke. Amarga Daruna ora ngabulke, Ludira kalap. Mulasara Daruna nganti klenger. Menawa ora antuk pitulungane wong-wong kang lagi padha kerja ing perusahaan mebele, Daruna mesthi mung kari jeneng.
Ngepasi wayah surup, Ludira dicidhuk polisi. Mlebu krangkeng wesi maneh. Kumpul karo wong-wong kang pagaweyane apus-apus, nyopet, maling, ngrampok, sartane ngrudapeksa wong-wong wadon. Turu bebarengan karo wong-wong iku ing jubin tanpa slemekan klasa. Amarga sanasib, rasane Ludira menawa wong-wong iku tan beda sedulur sapetarangan.