Mohon tunggu...
Sri Wintala Achmad
Sri Wintala Achmad Mohon Tunggu... Penulis - Biografi Sri Wintala Achmad

SRI WINTALA ACHMAD menulis puisi, cerpen, novel, filsafat dan budaya Jawa, serta sejarah. Karya-karya sastranya dimuat di media masa lokal, nasional, Malaysia, dan Australia; serta diterbitkan dalam berbagai antologi di tingkat daerah dan nasional. Nama kesastrawannya dicatat dalam "Buku Pintar Sastra Indonesia", susunan Pamusuk Eneste (Penerbit Kompas, 2001) dan "Apa dan Siapa Penyair Indonesia" (Yayasan Hari Puisi Indonesia, 2017). Profil kesastrawanannya dicatat dalam buku: Ngelmu Iku Kelakone Kanthi Laku (Balai Bahasa Yogyakarta, 2016); Jajah Desa Milang Kori (Balai Bahasa Yogyakarta, 2017); Menepis Sunyi Menyibak Batas (Balai Bahasa Jawa Tengah, 2018). Sebagai koordinator divisi sastra, Dewan Kesenian Cilacap periode 2017-2019.

Selanjutnya

Tutup

Humaniora Pilihan

Oncek-Oncek Cakepan Lelagon Taklela-lela Ledhung

19 Februari 2018   00:21 Diperbarui: 19 Februari 2018   00:34 904
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Duk semana, bapa utawa biyung tansah ngudang para putra putrine rikala lagi rewel ing wayah wengi sinambi ngidungake lelagon Teklela Ledhung. Lelagon Taklela-lela Ledhung (laras Pelog Barang) kang kaanggit dening ingkang swargi Ki Narta Sabda (Semarang) iku, cakepane mangkene:

"Taklela-lela-lela ledhung, cup menenga aja pijer nangis, anakku sing ayu rupane, yen nangis ndhak ilang ayune. Takgadhang bisa urip mulya, dadia wanita utama, ngluhurke asmane wong tuwa, dadia pendhekaring bangsa. Cup menenga ngger anakku, kae bulane dhadhari, kaya dhas buta gilani, lagi goleki cah nangis. Taklela-lela-lela ledhung, cup menenga anakku cah ayu, takemban slendhang bathik kawung, yen nangis mundhak gawe bingung."

Menawa digatekake kanthi permati menawa cakepan lelagon Taklela-tela Ledhung ngemu surasa pangarep-arepe wong tuwa supaya putra putrine aja gampang netesake waspa. Tegese senajan dikodratke dadi wong wadon, nanging putra putrine iku kaajap tansaha duweni sipat tatak, tangguh, lan prawira rikala kasandhung ing reribet, pacoban, sartane bebaya ing samengkone. Sipat tatak kaya dene sipate Wara Sembadra. Sipat tangguh lan prawira kayadene sipate Srikandhi. Pendhekare bangsa kang tansah njaga ayem-tentreme warga.

Lelagon Taklela-lela Ledhung uga ngemu surasa panjangkane wong tuwa marang putra putrine tansaha duweni kawaspadan. Amarga kanthi kawaspadan, bulan kang dhadhari ora katon ing pandeleng kaya dhase buta. Tegese kanthi kawaspadan, putra putrine iku ora gampang kesasar ing dalane kaluputan. Kajlomprong ing dhasare jurang kasangsaran

Kejaba saka itu, cakepan lelagon Taklela-lela Ledhung ngemu surasa pangajape wong tuwa supaya putra putrine ing tembe dadia wong mulya, utama, sarta pendhekare bangsa. Wong kang bisa mikul dhuwur mendhem jero marang wong tuwane. Mligine marang biyung kang wus ngandhut salawase sangang sasi sepuluh dina lan nglairke ing jagad gumelar kanthi toh jiwa lan raga.

Mula poma-dipoma menawa ana bocah wadon kang wani marang wong tuwane, tegese wus uwal saka kekudangan. Satemah dudu kamulyan, nanging kasangsaran urip kang bakal sinandhang. Wewarah luhung iki trep klawan panemu menawa ana bocah wadon kang wani marang wong tuwane, mligine biyung, tegese wus ngemohi marang swargane dhewe. Amarga wus ana unen-unen kang ngandhakake, "Swargane para putra (putri) iku mapane ing dlamakan sukune biyung."

Saka surasa cakepan lelagon Taklela-lela Ledhung kang wus kababar ing dhuwur bisaa aweh pepeling marang sadengah para putra putri. Aja pisan-pisan ninggalke kekudangan kang ateges wani sartane gawe kucem jenenge wong tuwa. Amarga ing samengkone para putra putri kang bakal dadi ibu aja nganti kasandhung ukum karma. Diwaneni marang putra-putrane, amarga duk ing nguni wus wani badhal saka kekudangane wong tuwa.

Mula saka iku, wulan Sawal kang tansah dipigunake dening kadang muslim kanggo apura ing apuran ing sasama titah manungsa sawuse sesasi nindakake ibadah pasa iku bisa kalungguhake dadi wektu kang prayoga kanggo ngabekti marang wong tuwa. Nyadhong pandongane wong tuwa. Nyadhong pangapurane wong tuwa awit sakabehing kaluputan kang wus katindakake. Amarga kanthi cara mangkono, sakabehe panjangka luhung kang bakal jinangkah dening para putra putri bisa kaleksanan. Apa kang bakal ginayuh murih tentreme kaluwarga bisa kasembadan kanthi antuk pandongane wong tuwa kang dikabulake dening Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Ing pungkasan. Babagan utama kang perlu dimangerteni dening para putra putri, menawa ngabekti marang wong tuwa ora mung ing wulan Sawal, nanging uga ing saben wulan lan ing sadengah papan. Tegese senajan adoh saka wong tuwa, nanging tansaha eling marang kekudangane rikala para putra putri isih timur. Tansaha nindakake apa kang diajap dening wong tuwa kayadene kang kaserat ing cakepan lelagon Taklela-lela Ledhung. [Sri Wintala Achmad]

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun