Mohon tunggu...
Teguh Ananto
Teguh Ananto Mohon Tunggu... Administrasi - Tinggal di Bengkulu

pengopi, bukan perokok

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Tunggak Jarak Mrajak

29 Oktober 2012   02:39 Diperbarui: 24 Juni 2015   22:16 185
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Gadget. Sumber ilustrasi: PEXELS/ThisIsEngineering

Paribasan ing dhuwur kuwi jangkepane tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.Jarak kuwi tetuwuhan kang biyene dianggep ora pakra, ora kopen, lan ora duwe rega. Tuwuhe ing lemah tagalan utawa pekarangan uga ora dipaelu, jer dudu tanem tuwuh kang diperdi asile. Suwalike, jati kuwi wit-witan kang diperdi. Tuwuhe ing alas kang dadi sengkerane kraton. Kayune rega larang, Mula ora samubarang pawongan bisa ndarbeni. Cekak cukupe jarak dadi pralambang kang asor, dene jati dadi pralambang kang aji.

Nut kelakoning jaman, alas jati kang biyen disengker, dalasan ngambah pinggir wae wedi, saiki malah dirambah tekan jero. Wit-wit jati kang gedhe merbawani, ditegor tanpa aturan, didhongkel tanpa sungkan.Wit-wit jati kang isih cilik padha karubuhan, yen dikira malangi katut dikethok pisan, Wasanane tunggak jati padha mati, yen ta ana uga angel golekane.

Suwalike, amarga saka lenga patra kang tansaya ndedel regane, witing jarak kang biyen ora diregani, saiki malah diperdi lan diopeni,Dialap uwohe, diolah dadi lenga jarak minangka campuran bensin utawa solar dadi biodiesel.Karana mau, tunggak jarak dadi mrajak, sumrambah tekan ngendi-endi.

Minangka pralambang, tunggak jarak kang mrajak nggambarake kahanan yen wong-wong kang biyene dianggep asor, kayata tanpa darbe pendidikan cukup, tanpa darbe latar belakang kang mumpuni, tanpa darbe sikap moral lan etika kang becik, ujug-ujug sinengkakake aluhur dadi wong penting. Lan kahanan kaya ngene mratah sumrambah ing ngendi-endi.Nanging jenenge wae jarak, uripe biasa ing pinggiran kebun lan tegalan, senajan ditandur ing tengah tetap ora resep dinulu.Diopeni nganti ngetokake dhuwit akeh, asile uga ora sumbut.Yen wong ekonomi ngarani, ora nduwe nilai ekonomis.Padha wae karo mapanake kalungguhan wong-wong kang satemene ora pantes nglungguhi jabatan, anane malah gawe wisuna,ora mupangati marang bangsa lan negara.Wis bayarane gedhe, asile malah ora pakra.Sapa ta kang kalebu golongane tunggak jarak mau ? Sumangga dipun penggalih piyambak.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun