"Piroan iki kangkunge?"
"Sewu."
"Larangmen, sewu mangatus loro yo?"
Retno manthuk alon. Enyang-enyangan ngene iki wis biasa. Masio wis murah, pancet ae wong wedok-wedok iku lek belanja mesti ngenyang. Wong wedok sing bengese abang mbranang iku ngelungno duit rong puluh ewu nang Retno.
"Pas'e ae, Mbak, durung ono susuk."
Wong wedok iku nyebek sediluk karo nggreneng, "Dodolan kok gak nyiapno susuk."
"Suwun," omonge Retno karo nampani duit.
Mari wong wedok iku ngalih, Retno nyawang dagangane. Kangkung, bayem, kemangi, tela dijejer nang duwur plastik gedhe. Retno dhewe ndeprok ngadep dagangane.
"Mimik," omonge anake karo nggandoli klambine.
Arek lanang cilik sing durung patio genah lek omong iku ngelak. Nduwurane emake digereti.
"Isin, akeh uwong. Mimik banyu putih sik ya?" omonge Retno nang anake.