Mohon tunggu...
koirul anam
koirul anam Mohon Tunggu... Freelancer - Lelaki biasa yang mencintai dunia literasi.

Kehidupan penuh ragam pilihan.Berusaha menjadi kewajiban. Ketentuan sudah digariskan

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

[Cermin Jawa] Nasibe Dhadhi Wong Tani

11 Februari 2019   22:44 Diperbarui: 12 Februari 2019   07:05 71
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Oleh, Wong Desa

***

Isuk - isuk lungguh dingklik sikil jigang thengak - thenguk. Ngrungokne musik suara gendang sirahe munthak - manthuk. Sinawang enak tur kepenak ngombe kopi sarapan gethuk. Sampek ora nggubris yen ning pawon wadone ngamuk - ngamuk.

Awan sithik kanthi bungah budhal menyang sawah. Kelingane iki mangsa panen wus tekan wayah. Rasa kesel patang wulan ganthi bungah. Kathon mblasah pari kuning pasuryan sumringah.

Jaman iki jarene jaman mutahir. Pancen nyata panen gabah tanpa mikir.cukup duwe duwit akeh banjur ngongkon supir. Growen mangkat  menyang sawah manen pari nengah minggir.

Milu andil wong kang duwe gerobak sawah. Entuk asil ngangkat gabah tekan omah. Bisa kanggo nyicil ragate bocah sekolah. Turahane bisha kanggo budhal nyang Mekah.

Sak mesthine pak tani bungah panen wus rampung. Ning nyatane ijih susah pikirane bingung. Gabah mandhuk - mandhuk durung bisa kepepe kaya gunung. Kerana awan saben dina udan mendhung.

Sinambi nganteni gabah garing mangkat metu golek pedagang. Sing dikarepake gabah larang bisa kena mbayar utang. Ning nyatane rego gabah mudun sak pirang - pirang. Rasa getun ati bungah dadi ilang.

 Ngono kuwi rasane dadi wong tani. Wiwit biyen mula nggarap sawah tansah rugi. Muga - muga pamerintah bisa mangerteni. Yenta wong tani kepingin uripe mulya kelawan mukti.

***

Koirul Anam

Serutim Kobi  120219

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun